Posted by : Unknown
Kamis, 08 Mei 2014
Ana sawenehe uwong kang ngandhakake menawa ana wong jawa
nanging ora njawa. Njur kepriye karepe? Yaiku wong jawa kang wis ora ngerti
marang unggah-ungguhing basa, ora ngerti tata kramane wong jawa, sarta ora
ngerti marang rasa pangrasane wong jawa.
Umpamane wae ana bocah kang ketemu marang wong sepuh, tur
maneh durung tau tetepungan. Banjur bocah mau takon lan ngomong-omongan karo
wong sepuh mau naganggo basa ngoko lugu. Pangundange marang wong sepuh wae
nganggo tembung “kowe”. Umpamane “pak, kowe weruh omahe kancaku seng jenenge
tarmono?”. Kanthi tembung kowe ngono wae, wong sepuh mau kaya
apa ora tau diulang unggah-ungguh? Bocah kok ora njawa babar pisan,
lan sapanunggalane.
Sabanjure tuladha iki sawalike. Ana bocah kang takon marang
wong sepih lagi jejagongan. Kanthi swara kang alus bocah mau takon “ nuwun sewu
bu, punapa panjenengan pirsa dalemipun bapak sugondo?” ngono maneh anggone
takon mau kanthi sikep tangan kang becik sarta kanthi mbungkuk sethithik
minangka rasa pakormatan marang wong sepuh mau. Mulo kanthi trapsila sing kaya
mangkono iku mau biso nuwuhaken pangalembana lan pitakon : Wah..., bocah kok
nyenengake, wis bocahe bagus, swarane alus, basane ya apik. Duwe anak yen koyok
mangkono iku ya nyenengake, gek putrane sapa ta ya, terus di sekolahake ana
ngendi kuwi, lan sapanunggalane.
Kanthi lelandhesan rong tuladha ing dhuwur, lan supaya aja
di arani wong jawa sing ora njawa,
mulo ayo padha sinau marang unggah-ungguhing basa, sarta tata krama. Sanajan ta
anggon kito nyinau mau durung biso nyampurnani tumpraping wong jawa sing njawa,
nanging paling ora kita wis mbudidaya nyinaoni unggah-ungguhing basa lan tata
krama. Dadi konco-konco kabeh ayo ojo sampe dadi bocah seng gak iso mbudayakne
boso asli jawa kito iki lan terus dadi wong jawa tapi ora njawa OK.....
- Back to Home>
- Budaya >
- WONG JOWO TAPI ORA NJAWA BAHASA BUDAYANE WONG JOWO
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
