Posted by : Unknown Kamis, 08 Mei 2014


LARANGE PENDIDIKAN ING ERA MODERN IKI

            Larange pendidikan ing zaman saiki mbarai akeh bocah seng mapu, akhire medot skolah. Mergo saiki zamane-zaman reformasi era modern, dadine saiki akeh skolah-skolah seng nerapno sistem-sistem sinau modern. la sistem sinau seng modern iki seng mesti ora murah biayane, tpi malah tambah luweh larang biayane. Terus seng mbarai susah lan posing wong tuo mergo kadang anake pengen sekolah nang sekolahan favorit tapi biaya seng gak mumpuni akhire anake ora biso sekolah nang sekolahan seng dikarepi, terus dadekno si bocah kurang semangat sekolah akhire medot skolah.
            Mulo iku pemerintah  sak jane kudu luweh merhatekne masalah pendidikane bocah-bocah seng bakal dadi  generasi peneruse bangsa, ojo sampe generasi enom’e bangsa indonesia iki rusak lan kilangan semangat 45ne mung goro-goro pemerintah seng gak bertanggung jawab.seng nerapno sistem sinau nganggo coro modern saiki, sakjane tujuane pemerintah iki yo apik.
            Pemerintah yo wes gawe progam wajib belajar 12 tahun kanggo kabeh bocah-bocah sak indonesia, terus enek bantuan  teko seng sering kasebut dana BOS (Dana Operasional Sekolah), tapi kadang ngunu iku kudu gawe persyaratan-persyaratan seng mbulet lan opo kunu seng kakean tetek bengek..
Dana ngunukuwi cuma bantu sak itik tok, paling cuma bantu kanggo biaya buku utowo perlengkapan-perlengkapan sekolah tapi koyok to uang gedung sekolah, sragam sekolah, lan liyo-liyane seng biayane ora sak itik iku seng nanggung yo bocahe dewe karo keluargane.
           Tapi sekolahan karo pemerintah kadang ora ngerti usahane wong tuo seng golekno biaya pendidikan gawe anake direwangi kerjo banting tulang golek duit terus petetelan mrono-mrene golek utangan sampe awak’e limpek kabeh, ehh tibak’o jek panggah kurang ae kanggo biaya sekolah.akhire bocahe medot sekolah padahal bocahe kuwi duwe kemampuan seng cukup, kasarane iso gawe munggah kelas lan nerusake sekolah nang jenjang seng luweh duwur maneh nanging yo iku biayane LARANG.
Mulo saiki akeh bocah-bocah seng kangelan anggone golek ilmu lan ngegayuh cita-citane sing wes ono ning jeroning angen-angen.kapan bangsa kito iki iso maju lak generasi enom’e diumbar gak tau diurusi koyok ngunu iku.
            Saiki zaman’e BIAYA SEKOLAH SENG DUWUR KANGGO GENERASI ENOM’E BANGSA INDONESIA kug malah SEKOLAH SENG DUWUR KANGGO GENERASI PENERUS BANGSA INDONESIA iyo gak ??? Yolah mulo iku kito sebagai generasi enom bangsa kudu biso duweni jiwo semangat 45 seng utuh.
            Ojo sampe kalah karo pemerintah-pemerintah seng gak bertanggung jawab iku, kito kudu biso brantas kebodohan lan ngentas bocah-bocah seng kurang mampu teko kebodohan supoyo bangsa indonesia  iki iso maju lak rakyate tambah tentrem adem ayem damai sejahtera tambah merdeka. Dadi pendidikan kuwi pancen penting banget kanggo masyarakat indonesia iki khusus’e GENERASI PENERUS BANGSA INDONESIA KITO TERCINTA IKI...... OKEEEE GAK J ?? KUDU OKE KOGhhh J   

 
Top