Posted by : Unknown Kamis, 01 Mei 2014

Upacara Siraman Sedudo
Sopo seng ora ngerti upacara  siraman sedudo..pastine.. kayawis ora aneh maneh yoo, ing Desa Ngliman kanggone masyarakat Nganjuk jalaran ing desa kene isih ana papan panggonan kang winggit sarta kanggo upacara,upacara sing sipate khusus lan ‘sakral' kerep di tindakake, luwih-luwih upacara tradisional suran kanggone adatjawa sing kita rungu lan weruhi. Prelu kita mengerteni menawa desa Ngliman iku kalebu Kecamatan  Sawahan sing arahe ngidul ngulon pener saka punjere Kutha Nganjuk kang adohe kurang luwih 30 Km.
                Dununge desa Ngliman sing kondhang “Air Terjun” iku ana ing ereng-erenge gunung wilis. Air terjun sing ana wewengkon Ngliman iki, minangk a kedadean alam biasa,,kang uga ana ing panggonan liyane ,kayata cemoro sewu ing Magetan lan Midodaren ing Ponorogo .Ing Kabupaten Nganjuk dhewe saliyane “ Air Tejun ” Ngliman isih akeh air terjun liyane , kalebu kang ana ing Bajulan Kecamatan Loceret .
                Mula bukane air terjun ana ing Ngliaman sing kondhang aran air terjun Sedudo iki asal usul crita misteri, terus owah dadi pakulinan di tindakake ing mangsa tinamtu ing mangsa tinamtu lan sabanjure owah tumindake kanthi ditata rapi lan tertib direngga maneka warna dadi upacara Siraman Sedudo. Dibiawarakake wong akeh menawa tembung  sedudo (Sedhudha) iku saka tembung “se” lan “dudo” (dhuhdha) sing tegese Se= siji , Dudo (Dhudha) = wong lanang sing ora duwe bojo utawa wong lanang sing wis tau rabi nanging pisah karo bojone mergo mati utawa pegatan.
                                Manut kapitayan wong ing desa kono sing dudo iku mau salah sijine wong sing miwiti dedunung ing desa Ngliman utawa cikal bakal. Ing saben dinane dheweke yen adus ing panggonan mesthi ing “Air Terjun”.saka pakulinane adus ing panggonan iku mau lan wonge kaanane ora duwe bojo (dudo) banjur air terjun iku mau diwenehi jeneng “AIR TERJUN SEDUDO”nganti saprene ,mung wae cara anggone adus ora digunakake saben dina , nanging sepisan ing saben taune yaiku sasi sura.
                Dicritakake uga yen air terjun seduda iki dianggep suci lan nduweni daya magis sing dhuwur banget,mula saka iku banyune kena di gunakake “PRANA PRATHISTA” yaiku Upacara Nyuceni Reca sing manggon ana Gunung Condrogeni lan Candi Ngetos. Banyune sing digunakake ngedusi reca iki mau,diudi diwadhahi saprelu kanggo nyi-prati para sanak sedulur kanthi pangajab supaya oleh berkah lan keselamatan,kewarasan,serto awet enpm.Wong-wong padha percaya yen banyu sing mili ora ana kendhate iku asale saka sumber sing wingit yaiku panggonan semedine para Dewa ,di wiwiti saka kepercayaan masyarakat desa Ngliman ,kang wis turun-temurun, mula  tradisi adus ing sedudo dilestarekake .upacara siram sedudo sing akeh ditekani pandhemen saben wulan sura iki, dening Pamerentag Daerah Kabupaten Nanjuk dikemas dadi paket wisata
Iku mau cah critaku tentang upacara siraman sedudo lan asal usul e air terjun sedudo.. semoga iki mau seng kok woco bisa ngerti lan iso nerapne perilaku seng apik. Ojo sampek lali karo kebudayane kita yoo ..J
Hargai budaya kita yoo cah..ojo sampek di rebut karo negara liyane..!!

Tetep semangatttt =))

 
Top